:AYO BANGUN DESA KITA WAHAI PEMUDA SAMBORA

Selasa, 20 Desember 2011

Ojo Golek Dalan Pintas

Kadang uwong sering beranggepan kepenak yo dadi wong sugeh, ape nengdi-nengdi iso kelakon, ape tuku opo ae iso kelakon. Tapi nek dadi wong kere, paling mok iso angen-angen tok. Utowo ngayal. Akibate nempuh jalan pintas tuku nomer.. Bukan malah sugeh tapi malah melarat,, kegeden angen-angen tok, ngimpi opo wae di ramal koyok wong edan. Akibate dadi gelisah ra karoan, angel turu, kerjopon dadi aras-arasen..

Wong sing koyok ngono iku cetek akale, kepingin sugeh tapi ra gelem kerjo. Opo yo ono wong sing wegah kerjo iso dadi sugeh. Paling-paling iso tapi nganggo carane setan, golek pesugihan. 

Akale buntu, ora ngerti nek Gusti Allah iku sing ngatur rezekine wong. Jajal ngibadah sing tekun, mergawe sing petel, insa Allah rezekine Halal lan urep pon luweh tentrem.

Tapi sak jane, nek wong kepingin cukup uripe iku paling gampang,, sing penting dalane bener. Opo?? yo Sedekah. Jare Gusti Allah nek awake sedekah bondone awake malah tambah... Nek ra percoyo jajal delok Ustad Yusup Mansur,, kerjanane mong sedekah tapi uripe kepenak, ustad Arifin Ilham kerjanane mong dikir tapi nyo kepenak uripe,, dadi nek ape kepenak yo kejar akhirat Insa Allah dunyo melok, tapi nek awake ngejar dunyo ra bakalan akhirat melok.

Tidak ada komentar:

Template by:
Free Blog Templates