:AYO BANGUN DESA KITA WAHAI PEMUDA SAMBORA

Selasa, 20 Desember 2011

Ojo Golek Dalan Pintas

Kadang uwong sering beranggepan kepenak yo dadi wong sugeh, ape nengdi-nengdi iso kelakon, ape tuku opo ae iso kelakon. Tapi nek dadi wong kere, paling mok iso angen-angen tok. Utowo ngayal. Akibate nempuh jalan pintas tuku nomer.. Bukan malah sugeh tapi malah melarat,, kegeden angen-angen tok, ngimpi opo wae di ramal koyok wong edan. Akibate dadi gelisah ra karoan, angel turu, kerjopon dadi aras-arasen..

Wong sing koyok ngono iku cetek akale, kepingin sugeh tapi ra gelem kerjo. Opo yo ono wong sing wegah kerjo iso dadi sugeh. Paling-paling iso tapi nganggo carane setan, golek pesugihan. 

Akale buntu, ora ngerti nek Gusti Allah iku sing ngatur rezekine wong. Jajal ngibadah sing tekun, mergawe sing petel, insa Allah rezekine Halal lan urep pon luweh tentrem.

Tapi sak jane, nek wong kepingin cukup uripe iku paling gampang,, sing penting dalane bener. Opo?? yo Sedekah. Jare Gusti Allah nek awake sedekah bondone awake malah tambah... Nek ra percoyo jajal delok Ustad Yusup Mansur,, kerjanane mong sedekah tapi uripe kepenak, ustad Arifin Ilham kerjanane mong dikir tapi nyo kepenak uripe,, dadi nek ape kepenak yo kejar akhirat Insa Allah dunyo melok, tapi nek awake ngejar dunyo ra bakalan akhirat melok.

Minggu, 18 Desember 2011

Piye Pegajiane Sambora

"Piye pengajiane remaja Sambora" kiro-kiro koyok ngono unine aku ngawali omongan karo salah siji cah Sambora. Bocah mau jawab, iseh ngantek saiki tapi sing melok karek cilik-cilik sing gede paling karek aku karo konco-koncoku, sing liane iseh cilik kabeh"

Sedeh aku krungu kabar koyok ngono, podo nengdi bocah sing biasane melok pengajian? jare bocah mau eneng sing wes do kuliah, eneng sing mondok. Tapi eneng juga sing saiki wes do males melok. Pokoke karek sing cilik-cilik. Anake mbak Pat kenal kan? jare bocah mau genten takok karo aku??? Yo kenal" jareku. "Iyo cah-cah sak mono saki sing rame" jare bocah mau.

Gedek-gedek sirahku krungu kabar koyok ngono. Bocah sing ganteng-ganteng lan sing ayu-ayu podo nengdi waktu pengajian??. Eneng sing ngomong do nongrong neng pintu gerbang. Podo laopo, paling gitaran leh, nenk ra ngono yo do nyantai"

Hmmm wes berubah yo saiki cah Sambora, wes orang seneng do melok pengajian. Tapi nek nonton BAND gembruduk. Eneng Band adohlah nekat menyang, padahal neng kono yo mok ndelok wong joget, wong main judi. Bar iku mbalek, ntok kesel tok. Mending nek ntok cewek. Alah ra ngandel..

Terus terang aku prihatin krungu cah Sambora saiki koyok ngono. Padahal nek menyang pengajian selain entok pahal entok kue gratis, tapi kok do males yo. Sedangkan nek menyang nonton band ngentekno duit, tapi rajine mboh.

Yok podo-podo cah Sambora sing ganteng lan sing ayu, podo-podo urepno pengajian sing saiki wes melaku. Ojo ngantek pengajian remaja masjid saki-sakitan sue-sue mati. Mumpung awake iseh enom iseh sehat berbuat sing apek-apek. Ojo mentang-mentang ngeroso iseh nom nganggep umure dowo. Sebab umur iku rahasiane Gusti Allah, durung tentu sesok awake iseh urep.

Nek misale eneng sing kurang dalam kegiatan pengajian, yo podo-podo diperbaiki, supoyo lebih apek kedepane. Oke konco-konco Sambora tetap semangat urepno pengajian.

Template by:
Free Blog Templates